Rabu, 02 Desember 2015

Drama Tradhisional [Bahasa Jawa]

Drama yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat kang bisa kanggo tepa-tuladha ing urip bebrayan

Drama ana loro :

  1. Drama Tradhisional (Klasik) yaiku drama khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kesaktene salah sawijining wong
  2. Drama modern yaiku drama kang nduweni tujuwan menehi panggulawentah tumrap masyarakat lan nduweni tema panguripe manungsa ind saben dina
Jinis-jinise drama
  1. Drama komedi
  2. Drama tragedi
  3. Drama tragedi komedi
  4. Opera
  5. Dagelan / Lelucon
  6. Operet
  7. Pantomim
  8. Tablau
  9. Passie
  10. Wayang
Unsur drama
Unsur intrinsik drama (Struktur fisik drama)
  1. Paraga
  2. Setting
  3. Alur
  4. Dialog
Struktur batin drama 
  1. tema
  2. amanat
Struktur teks drama
  1. Orientasi = para paraga dikenalane watake uga pandhapuke ing drama
  2. Komplikasi = para parada diadhepake ing prakara dhewe-dhewe nganti klimaks
  3. Resolusi = para paraga wis nemokake cara kanggo ngerampungake prakarane
  4. Koda = pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa
Ciri basa drama tradhisional
  1. Nggunakake basa ing tlatah drama
  2. Nggunakake basa sing nuduhake dialek saka tlatah drama
Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradhisional
  1. Temtokna sajiwining tema
  2. Temtokna crita apa kang bakal kokdadekake drama
  3. Milih paraga lan watak kang selaras karo paraga lan watak ing crita
  4. Nemtokake alur, papan crita
  5. Gawe adegan lan dialog saka para paraga
  6. Taliten maneh

19 komentar: