Rabu, 02 Desember 2015

Teks Pidhato [Bahasa Jawa]

Pidhato yaiku kegiyatan ngandarake gagasan marang wong liya

Jinis-jinise pidhato

  1. Pidhato pengarahan = pidhato kanggo ngarahake sawijinig kegiyatan
  2. Pidhato sambutan = pidhato kanggo menehi sambutan ing sawijining adicara
  3. Pidhato peresmian = pidhato kanggo ngresmikake samubarang
  4. Pidhato laporan = pidhato kanggo  nglaporake sawijining kegiyatan
  5. Pidhato pertanggungjawaban = pidhato ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban
Struktur teks pidhato
  1. Salam pambuka
  2. Purwaka basa : nyapa, atur pamuji
  3. Surasa basa : tema, tujuwan, isi, dudutan
  4. Wasana basa : pangajab, atur pangapura, atur nuwun
  5. Salam panutup
Ciri basa teks pidhato
  1. Basa siung digunakake ing pidhato resmi yaiku baku dene ing pidhato ora resmi basa ora baku
  2. Ukara sing digunakake ing pidhato resmi yaiku ukara sing becik (efektif) dene ing pidhato ora resmi biasane nggunakake ukara sing kurang trep
Bab-bab kang kudu digatekake sajroning panulisan teks pidhato
  1. Topik sing bakal diandharake sajroning pidhato kudu salaras wawasan lan kawruh
  2. Topik sing bakal diandharake kudu salaras karo wektu lan kahanan
  3. Duwe ruang lingkup lan wewantesan
  4. Topik sajroning pidhato uga disengkuyung materi-materi liyane sing salaras

Tidak ada komentar:

Posting Komentar